Sabtu, 18 April 2015





 KAMARDIKAN  KRISTEN
 1.      Waosan       Galati 5: 1-15


 

Manungsa kedah nglampahi gesang klayan ngati-ati, nadyan GUSTI tansah kersa nganthi lan ngrimati. Awit, mengsah kita, inggih punika Iblis, kadya singa keluwen ingkang tansah kliteran sedya nguntal sintena kemawon ingkang sembranan lan mboten tuwuh ing iman (I Petrus 5: 8-9). Panganthi lan pangrimatanipun GUSTI punika kadya Bapak dhateng putranipun, inggih punika klayan kawigatosan saha kamardikan. Mila, putranipun ingkang dhemen kagatosaken lan tuwuh ing kawigatosan saestu gesang merdika lan tanggel jawab. Benten kaliyan putra ingkang namung remen kagatosaken, badhe gesang sembranan lan mboten ngertos tanggel jawab. Tanggel jawabipun tiyang gesang punika mboten sanes kejawi ndherek pakaryanipun Gusti ALLAH mberkahi lan milujengaken jagad saking pangrisakipun Iblis. Mila GKJW sesarengan Greja-Greja ing saindenging jagad pitados bilih “Gereja adalah buah sulung Karya Tuhan ALLAH, yang selanjutnya ikut serta dalam pelaksanaan rencana Karya Tuhan ALLAH itu.” (Pembukaan Tata dan Pranata GKJW alinea 2, yang mana pada alinea 1-nya dinyatakan: “Karya Tuhan ALLAH adalah menyelamatkan dunia supaya Kasih, Sukacita, Keadilan, Kebenaran, Damai Sejahtera berlaku dalam seluruh kehidupan dan tidak ada lagi maut, ratap tangis, perkabungan, dan dukacita.”).   
Sayektosipun, sedaya menika sampun cetha lan kapahamaken dhateng pasamuwan-pasamuwanipun GUSTI lumantar para peladosing pasamuwan. Klebet dhateng pasamuwanipun GUSTI ing Galatia kala jamanipun Rasul Paulus. Paulus mboten kirang-kirang anggenipun njlentrehaken bab gesang ndherek GUSTI ing Sang KRISTUS, inggih punika merdika saking pangiketing Toret nanging tanggel jawab milujengaken jagad. Ewasemanten, pasamuwan ing Galatia dhawah malih ing dredah malah rupenipun (nggatosaken ayat 15) ngantos paten-pinatenan (nadyan mbokmenawi mboten ateges bacok-bacokan klayan clurit, nanging sampun dumugi satron, mengsahan lan nyilakani sacara ekonomi utawi jabatan). Perkawis ingkang kadamel dredah inggih punika bab sunat. Wonten ingkang mastani bilih tiyang ingkang sampun ndherek GUSTI Yesus punika mboten pareng malih nindakaken sunat (kitan), awit sunat punika aturanipun Toret. Pendherekipun GUSTI Yesus ingkang nindakaken sunat dipun wastani nglawan GUSTI Yesus, awit GUSTI Yesus rawuh njangkepi Toret. Wonten GUSTI Yesus, Rah Prasetyanipun ALLAH mboten malih ing rah kulit katan nanging ing Rahipun Sang KRISTUS piyambak. Lah ingkang dadoh perkawis inggih punika pendherekipun GUSTI Yesus ingkang saderengipun ndherek sampun sunat.   
Rasul Paulus perlu njelasaken malih bilih ing GUSTI Yesus kita punika sampun kaparingan kamardikan saking tradisi punapa kemawon, kita mboten perlu kaiket (menapa malih ngantos dredah lan paten-pinatenan) dening menapa kemawon (tradisi, pepinginan, lsp.). Ing GUSTI Yesus ingkang baken inggih punika gesang klayan nindakaken pakaryan-pakaryan ingkang nuju ing kawilujengan saha kemajenganing pigesangan, dalah kebak ing kamardikan. Dados, kamardikanipun tiyang Kristen (pendherekipun GUSTI Yesus) inggih punika nindakaken punapa kemawon ingkang murugaken masyarakat nggadahi tata, tentrem, kertaraharjo, sanes kosokwangsulipun. Tradisi menapa kemawon pareng katindakaken, angger murugaken kasaenan lan kawilujenganing gesang.
Sunat.., angsal. Kangge kabetahaning kesehatan lan kemasyarakatan, sanes kawilujengan kados kapitadosan agami Islam. Telung ndinan, pitung ndinan, nyekar, jathilan/jaran kepang, lsp…., angsal. Kangge nguri-uri kabudayan lan celak ALLAH ing pandonga, sanes ngundang setan ingkang ngajrih-ajrihi anakipun piyambak saha nyasaraken mental (murugaken tiyang gampil stress). Tradisi pasamuwan wiwitan, inggih menika Baptis, Kempalan, Dedonga, lan Ngedum-edum roti (Kitab Para Rasul 2: 41-42) minangka tradisi enggal ingkang sae katindakaken lan milujengaken. Menapa malih nindakaken tradisi gotong-royong, kerja bhakti, Kelompok Usaha Bersama (KUB), penghijauan, kebersihan, keindahan, pelestarian alam, lsp…., ingkang pancen sanget dipun betahaken ing kawontenan samangke. Kangge ingkang mboten purun nindakaken tradisi lami (sunat, nyekar, jaran kepang, lsp…), awit ajrih klentu, ugi mboten menapa-menapa. Mboten perlu rumaos langkung suci utawi suwalikipun rumaos lepat, supados nebihaken tukar-paben/dredah ingkang saged ngalangi kawilujengan lan kemajengan. AMIN
JANJI   PANGANTHINING   GUSTI
Pangentasan 33 : 12-19
 Ayat Nats : Pangentasan 33 : 12 b
Ature nabi Musa : “ Sinten ingkang badhe paduka dhawuhi nyarengi Kawula?”

Bapak, ibu patunggilan ingkang dipun tresnani Gusti wonten carios salah satunggiling kaluwarga ingkang kawontenan ekonominipun pas-pasan nggadhahi anak kalih, ingkang nomer satunggal umuripun 8 tahun dene ingkang nomer kalih nembe umur 6 wulan.
Ing satunggiling wekdal anakipun ingkang nomer satunggal sakit amandel lan miturut wawasanipun dokter kedah dipun operasi, amargi saged mbebayani tumrap perkembanganipun lare, saestu lare punika mlebet griya sakit lan dipun lebetaken dhateng ruangan khusus, bapak, ibu nipun lajeng wangsul amargi ibunipun kedhah ngopeni anakipun ingkang taksih alit dene bapakipun kedah pados sambetan arto kangge biaya operasi. Enjing sanged bapak ibu punika sampun dumugi malih dhateng griya sakit, lan ningali anakipun sampun nungga wonten ing sakjawinipun kamar. Mangertos bapak lan ibunipun dhateng, anak wau tumunten mlajeng mapakaken,boten maelu dumateng sakitipun punapa malih anak kasebat dereng saged wicanten. Raos sakitipun kraos ical, amargi rumaos bingah sanget saged pinanggih kaliyan tiyang sepuhipun.
Lare punika rumaos sisah boten amargi ngraosaken sakitipun, ananging lare punika rumaos sedhih sanged amargi boten saged kempal / sesarengan kaliyan tiyang sepuhipun wonten ing griya sakit. Pramila saksampunipun nyumerepi tiyang sepuhipun dhateng, anak punika bingah sanget, amargi pranyata tiyang sepuhipun tansah nresnani dumateng piyambakipun.
Bapak, ibu sedherek kinasih, mekaten kalawau contohipun sesambetan ingkang raket sanget, kebak ing katresnan, ingkang saged ndadosaken raos kangen sanget menawi salah satunggiling anggota kaluwarga boten kempal, kados dene semah, anak lsp. Mekaten ugi kados pundi kangen kita dumateng Gusti Yesus Kristus tansah rawuh ing satengah-tengahing kaluwarga kita sami, amargi kita sampun sami pitados bilih katresnanipun Gusti punika ageng sanget, ngantos kerso nyetoraken nyawanipun kangge nebus dosa kita sami.
Menawi kita madhep-mantep pitados dumateng sedaya pakaryanipun Gusti, gesang kita tamtu badhe kraos tentrem rahajeng, menawi kita sami mrangguli prastawaning gesang kados dene kasedhihan, kawatos,ajrih, goncangan batos lsp. Sumangga enggal-enggal sami ndedonga nyuwun pangluwaran saha kekiyatan Saking Gusti piyambak.
Pandherekipun Gusti Kinasih
Ing saklebetipun dinten-dinten punika dusun kita nembe ngalami swasana ingkang mrihatosaken sanget, amargi wonten prakawis ingkang awrat sanget kedah dipun sanggi dening punggawaning dhusun punika. Punapa kita badhe kados dene bangsa Israel, ing waosan kita sonten punika, dados bangsa ingkang wangkal, masa bodoh,acuh,bangsa ingkang boten tahan uji, bangsa ingkang namung pengin sakecanipun kemawon ?
Sumangga kita sami sinau dados warga ingkang nggadhahi raos tanggel jawab ing sakdhegah prakawis, warga ingkang boten gampil uring-uringan (emosi). Warga ingkang saged gesang guyup rukun, sangkul sinangkul ing bot repot, kanthi kebak ing katresnan Kanthi tulusing manah sumangga kita sami sowan dumateng Gusti kebak ing pandonga, saha pados sarana ingkang sae amrih dhusun kita enggal uwal saking sedaya reribed.
Gusti sampun ngandika wonten ing ayat 14 : “ Ingsun pribadi kang bakal nganthi marang sira lan maringi katentreman marang sira.”
RENUNGAN ANUGERAHBERKAT YANG MEMBERDAYAKAN HIDUP DAN SESAMA
AMSAL     11 : 23 - 31
Semenjak terjadi kenaikan BBM beberapa waktu yang lalu, pemerintah membuat kebijakan dengan memberikan dana kompensasi sebesar se-ratus ribu rupiah kepada rakyat (yang dipandang/di-anggap) miskin. Terkesan, bahwa pemerintah me-mang menyebar harta kepada rakyat golongan se-perti itu. Apakah ini akan akan membuat negara/pemerintah ini semakin bertambah kaya seperti firman tadi? Nampaknya tidak! Sebaliknya, bias saja terja-di negara/pemerintah ini semakin bangkrut karena uang yang dibagikan kepada rakyat juga uang dari hasil pinjaman luar negeri. Selain itu, cara menye-bar harta semacam itu justru membuat rakyat men-jadi malas. Tidak perlu bersusah payah bekerja, tiba-tiba dapat uang seratus ribu. Mestinya orang harus bekerja untuk mendapatkan uang. Hal ini akan membuat orang menjadi tergantung dan tidak mandiri.
Bacaan kita memberikan dua pilihan kepada kita, yaitu: apakah kita harus menyebar harta atau-kah menghematnya? Apa yang dimaksud dengan menyebar harta dalam bacaan tadi bukanlah meng-hambur-hamburkan uang. Menyebar harta di sini adalah membagi harta dan mengelolanya. Semua dilakukan untuk memberdayakan (baik orang lain maupun diri sendiri) dan bukan memperdayai. Ka-rena itu, uang itu akan bergulir yang mendorong orang yang menerimanya dapat bekerja dan terjadi hubungan yang sinergis atau saling menolong anta-ra yang memberi dan yang menerima. Berikutnya tentang berhemat, sebenarnya adalah tindakan yang mulia. Tetapi kalau tindakan itu dilakukan secara luar biasa, artinya hemat itu menjadikan orang se-makin pelit, kikir malah tidak menjadi berkat. Alki-tab mengatakan, bahwa ia justru berkekurangan.

= 02 =
Kekurangan, karena berusaha menyimpan uangnya sebanyak-banyaknya tanpa diberdayagunakan un-tuk/agar berkembang dan menolong sesama yang miskin. Mari kita berbagi harta untuk memberdaya-kan, bukan memperdayai sesama kita. AMIN.

Jumat, 10 April 2015

           “GUMATI MARANG PEPADHA”
1 KOR 11 : 17 - 34


Para sedherek kekasihipun Allah,
Mboten karaos sekedhap malih kita sampun badhe lumebet wonten ing Bujana Suci ingkang sak menika gegayutan kaliyan raos sokur kita wonten ing “ Hari Pembangunan GKJW “. Saking waosan ingkang kita pireng sesarengan, sumangga kita sami ningali gesang kita piyambak-piyambak menapa kita ugi sami kaliyan pasamuwan wiwitan wonten ing kitha Korinta menapa mboten? Ing sak lajengipun, kita badhe sesarengan nyawisaken manah kita lumebet wonten ing pambujananipun Gusti ingkang suci kanthi sukarena.
Para sedherek kekasihipun Allah,
Waosan kita wau nggambaraken bab kuciwaning manahipun Rasul Paulus tumrap pambujanan ingkang dipun wangun dening pasamuwan wiwitan kala semanten. Pambujanan ingkang dipun wangun dening pasamuwan wiwitan menika benten kaliyan kita sak menika. Menawi kita sak menika namung nedha roti lan ngombe anggur, ananging rumiyin sedaya tiyang ingkang pitados dhateng Gusti Yesus menika sami nunggil lan kembul sesarengan kanthi sukarena, edum-ingedumaken menapa ingkang dipun bekta saking griyanipun piyambak-piyambak dhateng sedherek sanesipun. Sedaya menika dipun tindakaken supados raos keakraban lan kebersamaan saged kajagi kanthi sae. Anaging dangu-dangu, kathah ewah-ewahan wonten ing bujana suci kala wau. Ngantos-ngantos wonten ing ayat 20 Rasul Paulus ngandika “Menawa kowe padha masamuwan iku ora nedya mangan bujanane Gusti” . Kenging menapa Rasul Paulus dhawuh kados mekaten? Amargi pancen, pakulinan makaten wau sampun mboten dipun gatosaken malih. Sedaya tiyang sami dhisik-dhisikan mendhet bontotan ingkang dipun bekta saking griyanipun piyambak kala wau. Menika ateges bilih sinten ingkang mbekta kathah lan eca, namung badhe nedha ingkang eco kala wau, lan sinten ingkang namung mbekta sak wontenipun inggih namung badhe nedha sak wontenipun kemawon. Ing ayat 21 Rasul Paulus mastani: “…kang siji kaluwen, sijine mendem” Ketingal nyata wonten singgetan ingkang misahaken tiyang ingkang sugih kaliyan tiyang ingkang sekeng.
Para sedherek kekasihipun Allah,
Sak sampunipun Rasul Paulus ngluntakaken raosing manah lan kuciwanipun dhateng pasamuwan ing kitha Korinta kala wau, piyambakipun lajeng paring piwulang supados pasamuwan menika sami puruna ningali malih menapa ingkang dipun tindakaken dening Gusti Yesus wonten ing Bujana Suci ing wiwitan. Gusti Yesus mundhut roti lajeng dipun cuwil-cuwil sarta ngendika, “ Iki badanKu , kang kaulungake marga saka kowe: iki padha tindakna minangka pangeling-eling marang Aku ”. Lan sak sampunipun maringaken roti wau dhateng para sekabat, Gusti Yesus lajeng mundhut tuwung sarta ngendika, “ Tuwung iki prajanjian anyar kang kaecap kalawan getihKu. saben-saben kowe padha ngombe, iku gawenen pangeling-eling marang Aku ”. Sedaya ingkang dipun tindakaken Gusti Yesus wonten ing pambujanan menika sejatosipun mratelakaken bilih Gusti Yesus ngarsakaken supados kita purun lan saged ningali menapa ingkang dipun tindakaken dening Gusti wonten ing jagad menika. Panjeneganipun mboten gesang kangge Dhiri pribadinipun piyambak, ananging kangge nguwalaken manungsa saking pangwasaning dosa. Sadanguning sugengiPun, menapa Gusti boten nggatosaken tiyang-tiyang ingkang miskin, tiyang-tiyang ingkang kesrakat lan tiyang-tiyang ingkang dipun singkiraken dening tiyang sanes? Panjenenganipun tansah paring kawigatosan dhateng para tiyang makaten wau. Menika nedahaken, bilih inggih kados makaten punika ingkang dipun kersakaken dening Gusti Yesus, supados kalampahan utawi dipun tindakaken wonten ing gesangipun pasamuwan ingkang sampun katebus. Kawigatosan ingkang boten katindakaken namung kangge gesang pribadi, ananging ugi kangge gesangipun sesami. Menawi piwulang menika mboten temen-temen dipun gatosaken ing saben-saben bujana suci, ateges kita mboten ngakeni sedaya pakaryanipun Gusti wonten ing jagad menika lan menika ingkang ndhawahaken paukuman dhateng kita (kawaosna ayat 29).
Para sedherek kekasihipun Allah,
Kanthi pangandikanipun Gusti wau, sumangga ing salebeting pengetan dinten pembangunan GKJW menika, kita sami mangun greja kita sarana gesang sesarengan kanthi gatos-anggatosaken setunggal lan setunggalipun. Amargi gesang wonten ing pasamuwan menika benten kaliyan gesang piyambakan, ingkang namung sak pikajeng kita piyambak. Ananging gesang masamuwan menika kedah purun sangkul-sinangkul ing bot repot, asung pambiyantu dhateng setunggal lan setunggalipun. Kanthi makaten, kita mesthi badhe saged tumut ngraosaken ingkang dados kasedhihan lan kabingahanipun sedherek sanes. Awit saking menika, sumangga kita sami ndadar dhiri pribadi kita, menapa sadangunipun punika kita inggih sampun/tansah gesang kanti patrap makaten wau wonten ing greja lan pasamuwaniPun?
Wusana, ngaturaken sugeng nampi timbalan agung lan marek wonten ing pambujanan peparingipun Gusti…. AMIN…

RANCANGAN ALLAH SAESTU ENDAH

RANCANGANIPUN ALLAH SAESTU ENDAH
                      LELAKONE PARA RASUL  8 : 26 - 31
Para patunggilan ingkang kinasih dening Gusti yesus kristus wonten ing waosan ing sonten punika nyariosaken, bilih ing satunggaling wekdal sang Filipus dipun utus dening malaekatipun pangeran supados kesah dhateng ing kitha Gaza ingkang kawontenanipun sepi sanget.
Ing wekdal semanten sayektosipun filipus taksih ngabaraken injil wonten ing tlatah samaria ingkang asilipun luar biasa utawi ngedab-edabi sanget, amargi kathah tiyang ingkang sami mratobat saha pitados dhumateng Gusti Yesus kristus saha sami ngestokaken dhawuh sabdanipun Gusti Allah.
Senaosa sang Filipus saged kawastanan dados peladosipun Allah ingkang mumpuni, nanging Filipus dados pelados ingkang tansah nengenaken dhateng sedaya rancanganipun Gusti. Ing wekdal semanten menawi dipun nalar secara kemanungsan, mesthinipun filipus taksih dipun betahaken wonten ing samari, amargi kados-kados tugasipun martosaken injil dereng rampung,amargi warga enggal mesthinipun betah pendampingan
Nanging ingkang kedadosan wekdal semanten punapa ingkang dipun rancang dening Allah saestu benten sanget kaliyan rancanganipun manungsa, ing ngriki para patunggilan, wonten tuladha ingkang endah sanget kangge gesang kita sami pranyata sang Filipus mboten nggega pikajenganipun piyambak boten manut pikajenganipun tiyang sanes nanging Filipus manut miturut dhumateng karsanipun Allah sang Filipus nyadari sawetahipun, bilih Gusti Allah tamtu kagungan rancangan ingkang endah, Gusti Allah lumantar Malaikatipun ngutus dhumateng Filipus tamtu mboten karana kebetulan ” utawi rancangan ingkang” serba dadakan amargi rancanganipun Gusti Allah punika
”pasti Sampurna.Filipus tansah ngugemi dhateng Pangandikaniun Allah ingkang kaserat wonten ing Yesaya55:8-9 ’ Awit rancanganing Sun iku dudu rancangananira, lan dalannira iku dudu margining Sun, mangkono pangandikane pangeran Yehuwah. Amarga sapira dhuwure langit saka ing bumi, iya samana dhuwure margining Sun saka ing dalan nira, sarta rancanganing Sun saka ing Rancanganira
Pasamuwan kinasih rancanganipun Allah saestu nglangkungi akal saha pikiranipun para manungsa, saengga dipun gambaraken kadosden tebihipun langit kaliyan bumi. Menawi kita sami namung nuruti rancanganipun piyambak, menawi saged berhasil paling inggil, inggih namung dados konglomerat (jutawan,milioner,Lsp) ananging menawi kita sami purun tuhu/tulus iklas nderek kaliyan rancangaipun Gusti, kita sami tamtu pinaringan berkah ingkang matumpa-tumpa ingkang kita sami boten saged mangertosi benjang punapa, wujud punapa kemawon berkah ingkang badhe kita tampi
Sadherek patunggilan desa wonoreja saged madeg/kabangun gereja punika, mboten karana” serba kebetulan utawi serba dadakan ananging sedaya punika awit saking rancangan saha karyanipun Allah. Sumanggga kita sami menggalih kanthi premono, desa wonoreja punika wiwitan mbikak/babatwono dumados kirang langkung taun 1873, dene peletakan batu pertama mbangun gereja punika nalika taun 1920. wekdal 47 taun punika mboten saged kawastanan rancangan ingkang dadakan wontenipun Gereja punika Gusti Allah tamtu kagungan rancngan ingkang endah, supados gereja ingkang sampun kawangun punika tansah a saged martosaken injil, pawartos kawilujengan, pawartos kabingahan dhumateng sok sintena kemawon, saengga gereja punika kedah nggadahi program penginjilan. sinten kemawon ingkang manut miturut kaliyan rancanganipun Allah saha purun berkorban kange tugas penginjilan Gusti Allah tamtu tansah ngulberaken berkahipun Gusti Allah nimbali saha milih panderekipun wonten ing desa wonoreja punika ugi mboten karana” kebetulan kemawon’, nanging sedaya wau ugi sampun dados rancanganipun Allah. Gereja ingkang kagambaraken dados sariranipun Gusti Saha Gusti Piyambak ingkang dados sesirahipun Pasamuwan, sampun sakmesthinipun menawi kita sami ingkang sami dados umat kagunganipun punika dados peladosipun Gusti Allah, kadosdene sang Filipus saha priyagung ingkang nitih kereta punika, ugi kados peladosipun Gusti Allah tansah manut miturut dhumateng sedaya rancanganipun Gusti. Senaosa kasebat” priagung” nanging piyambakipun taksih purun ” ngansu kawruh terus sinau dhawuh sabdanipun Gusti kados kasertat ing ayat 31 ingkang dados panyuraos utawi jejer ing sonten punika (kawaosa)
Pasamuwan kagunganipun Gusti ing wekdal-wekdal samangke gereja kagunganipun Gusti ugi taksih lumampah proses dhauran majelis, nimbali saha milih umatipun minangka dados peladosipun Gusti Yesus Kristus.Timbalan saha pamilihipun Gusti Punika ugi mboten karana” kebetulan utawi” dadakan kemawon nanging menawi kita sami–sami pitados dhumateng Gusti Yesus. sedaya punika tamtu sampun dados rancanganipun Gusti,amargi rancanganipun Gusti punika rancangan ingkang endah saha sampurno
Contho parogo kekalih ing inggil punika saestu saged dados tepa tuladha kangge gesang kita sami,” priagung ingkang dereng mangertos punika mboten ateges ” mboten mangertos nanging kanthi adrenging niatipun terus kepingin sinau, dene Filipus ingkang sampun mangertos tansah ndampingi, tansah purun mbiyantoni.
Sedaya manungsa ing donya punika mboten wonten ingkang sampurna tamtu sami ngadahi kaluwihan saha kekurangan, pramila sumangga kita sami nggadahi tekat ingkang sami, kados pundi kita sageda dados peladosipun Gusti ingkang satuhu matemah gereja ingkang sampun kawangun punika tansaya dangu tansaya ngembaka selaras kaliyan rancanganipun Gusti Pribadi
Mugi Gusti tansaha amberkahi peladosan kita sami, Amin

Lukas 6 : 43 - 45 WOH INGKANG SAE

“WOH INGKANG SAE”
Patunggilan kekasihipun Gusti Yesus Kristus,
Para among tani anggenipun nanem salah satunggaling taneman ingkang saged ngwedalaken asil saking taneman wau mesthinipun milih taneman ingkang sae. Utaminipun bibit ingkang unggul, supados menawi katanem saged panen lan ngedalaken asil ingkang boten nguciwani, mboten gabuk menggahing pari utawi boten bogang menggahing jagung, ananging saged mentes lan ngremenaken. Tamtunipun, si among tani wau, menawi mirsani tanemanipun saged ngwedalaken asil ingkang kathah mesthi rumaos bingah, awit usahanipun mboten muspra. Pancen kangge nggayuh keberhasilan wau tamtu wonten sawatawis pendukung, antawisipun :
1.Pengolahan tanah kedah sae
2.Kedah mangertosi kondisi tanah
3.Perlu mangertosi musim
4.Cara pemupukan ingkang leres
5.Bibit ingkang sae
6.Pangrimatan ingkang sae
7.Wancinipun panen kedah dipun panen, lsp.
Menawi faktor-faktor pendukung wau dipun cakaken kanthi leres, tamtu asilipun ugi kathah lan sae. Awit boten wonten critanipun, menawi wit ingkang sae (becik) punika ngedalaken woh ingkang awon kados ing ayat (43) lan kosok wangsulipun.
Para sedherek patunggilan kekasihipun Gusti Yesus Kristus, dhawuh punika paring pepenget dhateng kita sami, bilih ingkang kawastanan among tani utawi ingkang nanem wiji punika sejatosipun Gusti piyambak; dene taneman punika umat manungsa kalebet kita sami. Anggenipun Gusti milih wiji/taneman, inggih kita sami punika, tamtu sampun milih wiji ingkang sae. Awit pangajeng-ajengipun ing mangke saged ngedalaken woh ingkang sae tur ngremenaken sarana lampah, tumindak ing pigesangan kita saben wekdal. Awit inggih pangajeng-ajeng punika ingkang tansah kaantos-antos. Awit menawi ngantos boten saged ngedalaken woh ingkang sae kados ingkang dipun pikajengaken, Panjenenganipun tamtu kuciwa, gela, lan asiling taneman wau boten saged kangge wiji/bibit malih nanging badhe dipun singkiraken lan dipun basmi. Kosok wangsulipun, menawi saged ngedalaken asil kathah, sae tur ngremenaken, tamtu Panjenenganipun rumaos bingah.
Patunggilan kekasihipun Gusti Yesus Kristus,
Iba bingah lan mongkoging penggalihipun Gusti menawi kita, minangka wiji/taneman pilihanipun Gusti ingkang sae punika, tansah ngwedalaken woh ingkang ngremenaken, kados dhawuh pangandikanipun Gusti ing serat Galati 5:22-23a ingkang mekaten “Dene wohing Roh yaiku : Katresnan, kabungahan, tentrem rahayu, setya, alusing bebuden, bisa ngemudheni dhiri” Mila, rahajeng tumrap para tiyang ingkang saged lan purun nindakaken mekaten punika. AMIN.